Saturday 20 September 2014

Assalamu'alaikum warrahmatullahi wa barakatuh

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
Ma'asyirol Muslimin rahimakumullah ...
Wonten ing kalodhangan siang punika, monggo kula panjenengan sami tansah bersyukur dhumateng Allah. Ingkang paring nikmat lan rahmat dhumateng kula panjenengan sami, saengga kula panjenengan sami saged ngibadah shalat jumat dhumateng Allah swt. Ibadah shalat jumat menika monggo kita manfaataken kangge ningkataken kualitas iman lan taqwa dhumateng Allah. Amargi sak sae-saenipun bekal kangge benjang gesang ing akhirat inggih namun iman kaliyan taqwa.
Maasyiral muslimin rahimakumullah...
Salah satunggale perkawis ingkang ndadosaken manungsa repot ngantos-ngantos supe dhumateng agaminipun inggih menika babagan pados sandhang pangan. Pados rezeki menika kadang ndadosaken tiyang nilaraken dhawuh-dhawuhipun Allah swt. Ngantos-ngantos wonten ingkang nggadhahi pemanggih bilih menawi tiyang menika estu-estu ngleksanakaken dhawuh agami menika saged ngalang-alangi anggenipun pados rezeki. Lajeng pemanggihipun, menawi pengin gadhah bandha donya ingkang kathah, pengin ekonominipun mapan, kedahipun mboten sah nggatosaken babagan halal lan haram utawi aturan-aturan agami. Mekaten pemanggih sebagian manungsa ingkang tebih saking pitedahipun Allah.
Piyambakipun mboten emut bilih Allah ndadosaken syariat agami menika inggih kangge pitedah supados saged bahagia gesangipun ing donya lan akhirat. Dados agami menika, sejatosipun mboten mligi kangge pados akhirat lajeng nilaraken donya. Ananging kekalihipun dipun atur supados manungsa nemoni kebahagiaan ing donya lan akhirat.
Imam Bukhori nate ngriwayataken hadis:
كَانَ أَكْثَرُ دُعَاءِ النَّبِيِّ n: رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
“sak benere, donga kang sering diucapake kanjeng nabi yaiku: Ya.. Alloh, kula nyuwun panjenengan paring dhumateng kula, kesaenan ing donya lan ing akhirat . Lan tebihaken kula saking siksanipun neraka.” (H. R. Bukhari)
Allah lan Rasulipun mboten nilaraken umat Islam anggenipun paring pitedah kagem pados pagesangan ing donya. Nanging Allah sampun paring pitedah babagan pripun-pripun caranipun pados rezeki ingkang sae. Menawi umat Islam kersa nyinau kanthi estu-estu ngleksanakaken, Allah mesthi paring kelonggaran-kalonggaran kangge pados rezei saking pundi-pundi arah. Sarto bakal dipun turunaken keberkahan saking langit ugi saking bumi.
Ma'asyirol Muslimin rahimakumullah ...
Ing antawisipun sebab paling utama dipun turunaken rezeki inggih menika istigfar utawi nyuwun pengampunan lan taubat dhumateng Allah. Kados dene wonten ing firmanipun Allah nalikanipun Nabi Nuh ngendika dhumateng kaumipun.
...اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ إِنَّهُ كَانَ غَفَّارًا {10} يُرْسِلِ السَّمَآءَ عَلَيْكُم مِّدْرَارًا {11} وَيُمْدِدْكُم بِأَمْوَالٍ وَبَنِينَ وَيَجْعَل لَّكُمْ جَنَّاتٍ وَيَجْعَل لَّكُمْ أَنْهَارًا {12}
“Njaluka ngapura marang Gustimu, sakbenere Gusti Allah iku Maha Paring Pangapura, Mesthi Gusti Allah bakal ngirim udan deres marang kowe kabeh. Lan Allah bakal nambahi bandha lan anak-anakmu. Allah bakal paring panguripan lan nyuburake kebon-kebun lan ndadekake ing sajrone iku kali-kali kang mili.” (Q. S. Nuh 10-12)    
Mekaten anggenipun Nabi Nuh paring pangemut dhumateng kaumipun. Bilih istigfar utawi nyuwun pangampunan menika saged mbikak kersanipun Allah paring rezeki arupi jawah lan kebon-kebon ingkang subur.
Ingkang dipun wastani istigfar lan taubat ing mriki mboten namung sekadar dipun ucapaken kanthi lisan kemawon, tanpa wonten bekasipun ing manah. Ananging ingkang dipun wastani istigfar inggih menika nyuwun pangampunan ingkang dipun wujudaken ing lisan lan tindak-tanduk anggota badan.
Maknanipun taubat menika nilaraken dosa lan sedaya ingkang awon, nggetuni dosa ingkang sampun kalampahan, lan nggadhahi tekad ingkang kiyat supados mboten nindakaken larangan niku malih. Lajeng ingkang pungkasan inggih menika ngleksanakaken amalan kesaenan kangge ngganti tumindak dosa ingkang sampun kalampahan. Imam Nawawi nate ngendika: “taubat iku hukume wajib. Menawa ana maksiyat kang kadhung dilakoni menungsa marang Allah, lan ora ana sangkut paute karo manungsa liya syarate taubat ana telu: 1. Ngedohi maksiyat iku., 2. Nggetuni kok dheweke wis tumindak maksiyat.,  3. Ninggalake maksiyat iku lan aja nganti mbaleni maneh. Menawi tigang perkawis menika mboten kaleksanan, taubatipun mboten syah.
Menawi dosa/maksiyat menika wonten gegayutanipun kaliyan manungsa, syaratipun ditambah ingkang kaping sekawan inggih menika: kedahipun dipun rampungi hak-hakipun. Menawi wonten gegayutanipun kaliyan arta utawi bandha kedahipun dipun wangsulaken. Menawi wonten gegayutanipun kaliyan pocapan ingkang mboten sae kedahipun nyuwun pangapunten. Jamaah jum’ah rahimakumullah...
Ibnu Katsir wonten ing tafsiripun ing babagan surat Nuh ing nginggil, menawi kula panjenengan taubat dhumateng Allah, nyuwun ampunan dhumateng Allah, Allah badhe ngathah-ngathahaken rezekinipun kange kula panjenengan sami. Allah badhe nurunaken jawah ingkang berkah saking langit. Sanes jawah ingkang ndadosaken mala lan bebaya. Allah badhe ngedalaken kangge kula panjenengan sami berkah saking salebetipun bumi. Allah badhe nuwuhaken tetanduran lan mbabaraken kewan ternak. Lan Allah badhe ndadosaken kali-kali menika mili toyanipun.
Imam Al Qurtubi nate paring cariyos: wonten salah satunggale sedherek ingkang matur dhumateng Ulama Hasan Al Bashri babagan gersangipun bumi. Lajeng Hasan Al Bashri paring solusi supados tiyang menika ngathah-ngathahaken istigfar dhumateng Allah. Wonten ugi tiyang ingkang nyuwun dipun dongakaken supados dipun angkat saking kemlaratan, lajeng tiyang menika dipun printahaken supados ngathah-ngathahaken istigfar lan ngibadah dhumateng Allah.
Mekaten sejatosipun istigfar utawi nyenyuwun pengampunan dhumateng Allah awit dosa-dosa ingkang sampun kalaksanan, menika saged dados jalaran Allah paring pitulungipun, Allah paring rezekinipun dhumateng Umat Manungsa. Ma'asyirol Muslimin rahimakumullah ...
Wonten ing ayat sanesipun, inggih menika ing surat Hud ayat 52. Allah berfirman.
اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ يُرْسِلِ السَّمَآءَ عَلَيْكُم مِّدْرَارًا وَيَزِدْكُمْ قُوَّةً إِلَى قُوَّتِكُمْ وَلاَتَتَوَلُّوا مُجْرِمِينَ
“Wahai kaumku, nyuwuna pangampunan marang Gusti Allah. Lan taubato marang Allah. Mesthi Allah bakal nurunake udan deres marang kowe kabeh. Allah bakal ngasta kekuatan lan paring kekuatan marang kowe kabeh. Lan kowe kabeh aja ninggalake Allah kanthi tumindak dosa.”
Wonten ing ayat menika, Nabi Hud nitahaken dhumateng kaumipun supados istigfar supados dosa-dosanipun dipun busak, lajeng mrintahaken tobat dhumateng Allah supados Alloh nggampilaken rezeki, nglancaraken urusan, lan supados Allah njagi lan paring perlindhungan dhumateng piyambakipun.
Lan ing ayat 3, taksih ing surat Hud, Allah berfirman:
وَأَنِ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ يُمَتِّعْكُم مَّتَاعًا حَسَنًا إِلَى أَجَلٍ مُّسَمًّى وَيُؤْتِ كُلَّ ذِي فَضْلٍ فَضْلَهُ وَإِن تَوَلَّوْا فَإِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ كَبِيرٍ
“Kudune kowe kabeh padha nyuwun ampunan lan taubat marang Allah. Menawa kowe kabeh ngleksanakake iku, Allah bakal paring kenikmatan kang apik lan terus-terusan marang kowe kabeh nganti wektu kang ditentokake. Allah bakal peparing marang kowe kabeh kang nduweni kautaman. Menawa kowe kabeh ngedohi Alloh, sakbenere aku wedi bakal disiksa ing dina kiyamat.”
Ma'asyirol Muslimin rahimakumullah ...
Menika kautamaanipun istigfar kaliyan taubat. Inggih menika badhe paring kenikmatan dhumateng kita sami kanthi rezekin ingkang kathah, kemakmuran gesang, sarta Allah badhe nebihaken saking siksa neraka. Wodene ing Salah satunggale Hadits Kanjeng nabi nate bersabda:
مَنْ أَكْثَرَ اْلاِسْتِغْفَارَ جَعَلَ اللهُ مِنْ كُلِّ هَمٍّ فَرَجًا وَمِنْ كُلِّ ضِيْقٍ مَخْرَجًا وَرَزَقَهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ.
“Sing sapa wonge ngokeh-okehi istigfar (nyuwun pengampunan dhumateng Allah), Allah bakal ndadekake gampang kesumpekane, lan saben-saben masalah bakal diparingi solusine, Allah uga bakal paring rezeki kang halal saka arah kang ora bisa dikira-kira.” (H. R. Ahmad, Abu daud lan Nasa’i)
Wonten ing hadits menika kanjeng nabi paring gambaran, salah satunggale kemurahanipun Allah dhumateng tiyang ingkang remen istigfar inggih menika Allah badhe paring rezeki saking arah ingkang mboten nate dipun nyana-nyana.
Pramila menika, mangga kula panjenengan sami ngathah-ngathahaken istigfar, ugi taubat dhumateng Allah . Nanging ampun ngantos istigfar lan taubat menika namung ing lisan kemawon. Nanging kedah dipun buktekaken ing tindak tanduk lan amalan kesaenan. Mugi-mugi Allah paring kekiyatan lan paring kalonggaran dhumateng kula panjenengan sami, saengga kanthi istigfar lan taubat, kula panjenengan dipungampilaken urusanipun, dipun paringi kathah rezekinipun, lan dipun tebihaken saking siksanipun neraka. Amin, Ya Rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah Kedua
الْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ:
فَيَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ *  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ *  وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللَّهُمَّ أَنْزِلْ عَلَيْنَا[مِنْ بَرَكَاتِ السَّمَاء[ وَأَخْرِجْ لَنَا مِنْ خَيْرَاتِ الأَرْضِ،[ وَبَارِكْ لَنَا في ثِمَارِنَا وَزُرُوْعِنَا [وكُلِّ أَرْزَاقِنَا[ يَا ذَا الْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ.|||اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ|||رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا، وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ.|||رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.|||رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.|||. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ|||عِبَادَ اللهِ،- إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ- وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Tuesday 2 September 2014

Kurikulum 2013 secara serentak dilaksanakan di seluruh Indonesia mulai tahun ajaran 2014/2015. Berbagai permasalahan muncul karena memang persiapan yang dirasa sangat kurang cukup untuk pelaksanaan kurikulum baru tersebut. Mulai dari keterlambatan buku penunjang, kekurangsiapan guru, dan kekurangsiapan sarana prasarana sekolah untuk mendukung suksesnya kurikulum baru tersebut.
Guru yang menjadi ujung tombak suksesnya kurikulum 2013 belum juga faham 100% sehingga cukup percaya diri untuk melaksanakan kurikulum baru tersebut. Model penilaian yang dirasakan rumit, Perangkat pembelajaran yang belum juga sepenuhnya difahami, menambah daftar panjangnya kekurangsiapan kurikulum baru ini untuk diterapkan.
Berikut ini adalah salah satu contoh RPP Pendidikan Agama Islam dan Budi Pekerti Kelas 7 yang dikembangkan mengacu pada kurikulum 2013.

Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!